AJI AJI LIMO ( Li Khomsatun )

لِيْ خَمْسَةٌ اُطْفِي بِهَا
 ‏ حَرَ اْلوَبَاءِ اْلحَاطِمَة
اَلْمُصْطَفَى وَاْلمُرْتَضَى
 ‏ وَابْنَاهُمَا وَالفَاطِمَة

Kulo gadah  ji-aji limo
Kangge bukak lawang suargo
Kanggo nyirep geni neroko
Lan nyengkalani siksane Allah

Aji aji limo wujud manungso
linuwih ilmu sugeh tulodho
Tindak lampahe adoh ing olo
Manah niate tansah waskito

Kanjeng Muhammad rasulillah
Sayyidatunnisa' siti fathimah
Sayyidina ali karomallahu wajhah
Putro kekalih hasan lan husen

Poro malaikat podo sholawat
Bumi lan langit sedoyo khidmat
Jiwo limo kinasih Allah
Jiwo liwo satruning doso

Sinten mawon kang nyolawati
Kanjeng nabi tansah nyafa'ati
Marang limone yen tresnani
Gusti Allah bakal ngridloi

Boten bakal di trimo sholate
Yen mboten maos sholawate
Imam syafi'i ngendikaake
Niki bukti agunge drajate

Snajan ibadah sak umur-umur
Amal Ibadah ra keno di ukur
Marang limone yen ora akur
Neroko panggone bakale ngejur


Terima kasih sudah berkunjung di web An Najah Kudus, semoga gusti Allah menambahkan keberkahan kepada kita sekalian.


Related Posts

Post a Comment

Subscribe Our Newsletter